.
.

THIS SITE IS DELETED

.
.

Saturday, March 7, 2015

Contoh Sambutan Bahasa Jawa

Berikut kami sampaikan contoh sambutan tuan rumah bahasa jawa dalam rangka acara Pengajian, dalam bahasa jawa biasa disebut Pambagyo Harjo. Pambagyaharjo berarti ucapan selamat datang yang dikemas dalam bentuk sebuah sambutan santun yang berisi ucapan selamat datang, terima kasih atas kehadirannya juga menyampaikan maksud dari hajat yang sedang dilaksanakan. 

Contoh Sambutan Bahasa Jawa

Atur Pambagya harjo

Oleh : Solichin Soliriza
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah, Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom Bapa Kyai Bunyamin ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;
Ketua Muslimat Desa Pancuranmas dalah para pengurus ingkang kawula hormati.

Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam.

Innalhamda lillaah.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun. Amiin


Para jamaah pengaosan Muslimat Desa Pancuranmas ingkang kawula hurmati
Keparengo kawula ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah menggah karawuhan panjenengan sami, milo kawulo ikroraken kanthi salam ASSALAMUALAIKUM WARRAHMATULLAHIWABARAKATUH.
Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardikaning penggalih dalah agunging lahir batos kanthi niat sesarengan boten sanes nun inggih niat ngangsu kawruh, ngudi ilmu, mugio paring barokah sahingga tambahing ilmu kito panjenengan insya Allah dipun paring manfaat dunia dalah akherat, Amin.
Saklajengipun kaleksananing adicara pengaosan muslimat desa Pancuranmas dinten punika saged kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, saha para tamu, ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggeman, milo meniko kawula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah. Amin
Minangka puputing atur, mbokbilih anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, Semanten ugi, anggen kawula matur, wonten tuna dungkaping atur, saha wonten kiranging subasita mugi lumeberna sih samudra pangaksami.baca juga mc bahasa jawa pengajian walimatussafar, klik disini

Cekap semanten atur kawula, kawula akhiri
Wassalamualaikum warrahmatullahiwabarakatuh

No comments:

Post a Comment

Newer Post Older Post Home
Powered by Blogger.

Popular Posts

Label 2

SELECT LANGUAGE :