.
.

THIS SITE IS DELETED

.
.

Sunday, February 15, 2015

Tulung Tinilung Ing Dalem Kebecikan Lan Ketaqwaan

Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo. Mangga kita ngaturaken taqwa lan syukur ing ngarsaning Allah SWT. Ingkang sampun maringi kanikmatan, kesenengan, rizki, lan panggesangan datèng kawulanipun sahingga kanthi rahmating Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam.. SELENGKAPNYA TENTANG MAGELANG, KLIK DISINI
Sukseskan Program Ayo ke Magelang 2015

Ayo ke Magelang 2015

"Tulung Tinilung Ing Dalem Kebecikan Lan Ketaqwaan" 

Oleh : Via InoaGroup.com

Mugi rahmat saha salam kaparingna dateng panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang leres. Mugi-mugi kita sedaya kagolong ewoning para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah tansah nindakaken dhawuhing Allah sarta nebihi awisanipun

pasang iklan disini, GRATIS

Lan samiyo tulung tinulung ingdalem kebagusan lan takwa, keranten nyuperih dateng ridhonipun Gusti Allah SWT., ingkang mekaten puniko Allah Ta’ala badhe ngagungaken ganjaranipun kito sedoyo. Lan mangertoso bilih hubungan antawisipun sesami tiyang Islam puniko perkawis ingkang kedah kito galang sak estu. Sebab kanti pendidikan saestu puniko nimbulaken akibat ingkang sahe, inggih meniko tujuan izzul Islam wal muslimin, saged enggal terwujud. Lan monggo kito samiyo imut dateng dawuhipun Allah SWT wonten ing al-Qur’an surat al-Hujurat : 10: إ Artosipun: ” sejatine wong-wong mukmin kabeh iku sedulur, mulo siro kabeh podho islaho / bagusono ing antarane siro kabeh, lan siro kabeh podho wediyo marang Gusti Allah supoyo siro kabeh deh diwelasi”.
Poro hadirin sidang jum’at ingkang minulyo. Ayat puniko mengandung perintah dateng kito sedoyo supados ngeraketaken anggenipun persederekan kito, sebab panci ing antawisipun tiyang Islam kaliyan tiyang Islam lintunipun kedah saling ngiyataken kados bangunan griyo. Amargi kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun dawuh:  Artosipun: ” Wong mukmin marang mukmin liyane iku koyo dene bangunan siji, kang setengah marang setengahe tansah nguwatake / saling nguwatake”. Kanthi katerangan ayat kaliyan hadis kolo wahu, nedahaken ing kito bilih tiyang Islam utawi tiyang mukmin kaliyan konco sesami mukmin puniko kedah tansah menggalang persatuan lahir tuwin bathin. Kitho kedah selalu asih-asihan kaliyan sesami sederek Islam, lan kito kedah njagi dateng hak-hakipun persederekan lan sampun ngantos kito meniko nyakiti dumateng manahipun sederek kito sesami Islam. Sebab kito piyambak manawi dipun sakiti inggih boten puru,. Pramilo monggo kito jagi supados kito sampun ngantos nyakiti dateng manahipun tiyang sanes. Hadirin, sidang jum’at ingkang minulyo. Mengertoso bilih umumipun ukhuwwah islamiyah ingkang retak puniko dipun sebabaken saking hasud lan ungkur-ungkuran, lan rebutan perkawis dunyo ingkang mirah reginipun dibandingaken ukhuwah islamiya meniko, ingkang akhiripun boten rumahos, bilih ngeten puniko saged nimbulaken retakipun persederekan. Mugi-migi kito termasuk tiyang mukmin ingkang sahe lan njagi hak-hakipun sesami mukmin

Profil Usaha di Magelang yang sudah diterbitkan :
pasang iklan disini, GRATIS

No comments:

Post a Comment

Powered by Blogger.

Popular Posts

Label 2

SELECT LANGUAGE :